Faamma bini’mati robbika fahaddits (nek oleh
kenikmatan teko gusti allah dikonkon ngandak-ngandakno) polae cek
ditiru, niki jenenge tahadduts bini’ma (menceritakan kenikmatan), bukan
takabbur dan bukan riya’. Ini kenyataan…
Tapi awakmu nak, saiki ijek masa proses; ono sing nyambut gawene
tibo-tangi, ono sing ijek proses, ono sing nduwe sepeda motor, ono sing
nduwe montor, semua ini proses. Masih aku dewe yo proses nak, mulai
nduwe anak 5 (limo) aku kaet wujud rasane ngerasakno enak.
Wong Kanjeng Nabi ae yo proses, kaitane buruh angon wedus, suwe,, suwe,, suwe sales (dagang melu Siti Khadijah). Suwe,, suwe,, suwe ngrabi sing nduwe sales. Suwe,, suwe,, suwe dadi Nabi, mosok moro-moro Nabi yo g masuk akal lha’an.
Aku yo ngunu nak, teko pondok rabi ambek Nyaimu iki, yo buruh sawah mari ngunu dodol telo, bakul gamping, suwe,, suwe,, suwe diuncalno nang Sengon, itu lha proses… Makanya, kita harus sadar proses!.
Universitas ae nggak moro-moro sarjana ngunu, mulai TK, munggah nang SD, MTs, SMA, Kuliah baru Sarjana. Proses, nggak moro-moro kun fayakun sarjana!, Aku weruh awakmu ijek proses.
Mulakno pertemuan alumni iki paling thithik 5 taon pisan ae, ojo 2 taon pisan. Aku ngerti awakmu durung sugih, durung wayahe, ono prosese. Tiap 5 taon pisan, 5 taon pisan… Lha lek awakmu moro-moro sugih, tak curigai; “dunyo warisan ta rek?”. Lha lek dunyo warisan yo akeh tunggale?!! Mulakno ndelok awakmu durung sugih saya itu bangga, ini berarti sedang proses :-)
_________________________________
**Dawuh Romo Kyai Sholeh Bahruddin dalam acara Reuni Nasional Perdana Ikatan Santri (IKSAN) NGALAH, Desember 2010 silam. (Foto: Mauidhoh Acara Reuni Nasional ke-2 Iksan Ngalah)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar